Minggu, 09 Februari 2014

Drama B.Jawa



Tokohe :
1.     Andini Setia Asih (dadi Asih)
2.    Aulya Rahmawati  (dadi Wati)
3.    Mei Turasih  (dadi Mei)
4.    Rosita Nurhayati (dadi Yati)
5.    Rosyidah N.S (dadi Ani)
6.    Zakiyah Fukrotunnissa (dadi Atun)

Pas bali sekolah Atun ngersulah ngomong dewek kaya wong gemblung. Sikile karo nendangi apa bae sing ana nang ngarepe. Ndilalahe nang ngarepe Atun ana krikil, langsung bae krikil mau di tendang karo Atun ora karo dipikir disit. Ora suwe krikil sing ditendang Atun mau ngenani batire.
Ani     : Duh sapa kiye sing nendang krikil? (karo ngemek batuke dewek)
Asih   : Ya kiye mesti ana bocah sing nguja nendang krikil kiye. (karo jiot watu sing   nggo nendang nang ngisor)
Mei    : Ko ya sing nendang watu kiye maring Ani? ( karo ndeleng Atun sing lagi malu nang burine)
Atun  : He..he..ya map inyong ora nguja.
Ani     : Apa ko ngomong ra nguja jere sapa mesti ko sengaja nendang watu kiye. (karo mbesengut)
Wati  : Wis-wis, aja pada padu nang dalan Atun kan wis ngomong ora sengaja.
Atun  : Ya udah aku minta map.
Ani     : Minta maaf? Gari ngomong njaluk ngapurane ndadak ngomong minta maaf. (karo ngguyu-nguyu) wis tak ngapurani.
Yati   : Ko lagi kenangapa si Tun, deneng mbesengut kaya kuwe?
Atun  : Ini loh inyong mau ada ulangan, tapi soalnya kon nggawe aksara jawa terus kon nggawe karma alus. Aduh, inyong pusing. Kenapa harus ada bahasa jawa sih?
Yati   : Ya bahasa jawa kudu ana ngger langka basa jawa mengko akeh bocah sing ora nduwe unggah-ungguh kaya ko.
Wati  : Ya bener kuweh, basa jawa kan budayane dewek.
Asih   : Masa mengko wong jawa ilang jaane alias ora teyeng ngomong jawa. Kaya sapa…?
(Wati, Yati, Ani Ngomong bareng – bareng karo nggentak maring Atun) : Kaya ko..
Atun  : Ya boleh, aku juga pengen sinau basa jawa.
Yati   : Atun..Atun, wong jawa kok ngomong jawa bae ora teyeng.
Atun  : Yalah ngga bisa, yong laire nang Jakarta. Sekolah disini karena orang tua pindah lagi kesini. Eh disini ada pelajaran bahasa jawa.
Asih   : Duh jan jan, jenenge si kaya wong jawa Maryatun, tapi ngomong jawa ora teyeng. Lah ko ngerti omongane inyong karo kanca-kanca kiye kepriwe?
Atun  : Inyong ya ngerti, ko mbok lagi ngenyek arane inyong?
Wati, Yati, Ani, Asih : Lah kuwe teyeng ngomong jawa. ( bareng-bareng)
Atun  : ngomong jawa kaya kiye si inyong teyeng sitik-sitik, tapi ngger ko pada ngomong karma alus, nulis aksara karo ngomong apa ae sing nembe krungu nang kupinge inyong lagh kuwe inyong ra ngerti.
Wati, Yati, Ani, Asih : Duh cape deh. (karo nempelna tangan maring batuke dewek-dewek)
Mei    : Yaw wis, ko dolan nggone inyong bae mengko tak warahi karma karo nulis aksara jawa.
Atun  : Apa ko teyeng?
Mei    : Ya teyeng lah, ngger ra teyeng ya inyong ra bakal ngewarahi ko.
Asih   : Ya kweh ko sinau bahasa jawa karo Mei bae.
           Atun melu bali karo bocahan. Mei sing teyeng bahasa jawa ngasek Atun kon dolan maring umahe karo sinau karma alus lan aksara jawa. Ora suwe, Atun wis gutul ngumahe Mei.
Mei     : Ngeneh njagong disit, inyong arep ganti klambi sit.
Atun    : Ya. (karo clingak-clinguk ndelengi umahe Mei)
Asih    : Mei, ko wis rampung apa urung?
Atun    : Loh deneng pada nang kene? (karo bingung)
Ani     : ya, dewek kabeh rep ngewarahi ko ngomong jawa ben ora ngisin-ngisina wong jawa. ( kabeh pada njagong)
Atun  : Oh…
Mei    : Nggenah sinaune nang kene.
Atun  : Ya.
Mei    : Basa jawane njiot apa jal? (madep maring Atun)
Atun  : Em…(nunjuk-nunjuk sirah karo telunjuke)
Wati, Yati, Ani, Asih : Ya mundut.
Atun  : Oh..
Mei    : Siki ko mundutaken gobet nang kamar paling pojok. Mengko tak warahi karma alus maning.
Atun  : Ya. ( karo mlaku maring kamar)
Yati   : Apa atun ngerti gobet? Donge ko aja prentah Atun.
Mei    : Nguja, inyong pengen ngetes Atun ngerti gobet apa ora?
           Wis Mandan suwe Atun sing ditunggu-tunggu kon jiot gobet ora metu-metu ndadekna batir-batire kesuh. Akhire Mei mlebu maring kamar.
Mei    : Eh, ulah malah turu nang kene kon jiot gobet malah turu. Ya wis mayuh metu njaba. ( karo ngawa gobet)
Atun  : Wong miki ngertine ya ko pada mrentah inyong kon turu.
Mei    : Ko kweh kon jiot kiye. ( karo nunjukna gobete)
Atun  : Aduh ampun-ampun, inyong ora ngerti.
Yati   : mulane ngger ora teyeng kuwe takon aja meneng bae. Kiye sing jenenge gobet.
Atun  : Oh..
Wati  : Mulane wong jawa ya kudu teyeng basa jawa. Ngger kabeh wong jawa kaya ko budaya jawa bakale ilang ra ana bekase. Terus apa sing bisa dibanggakna wong jawa ngger basane bae wis ora pernah dienggo.
Mei, Yati, Ani : rungokna kuwe.
Asih   : Huh dasar wong Jakarte. Hahaha
           Akhire Atun sregep sinau basa jawa maring kanca-kancane mergane Atun kerasa isin ora teyeng ngomong basa jawa.

-¤ยช¤-

 
Blogger Widgetskupu