SANDAL ANYAR
Ing
pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol
lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang
banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora
mampu, bapake mung kerja dadi buruh
bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh,
ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mba ora
duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas
karo adhine.
Senajan
ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane
rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
Sewise
saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep
rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking
pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep
omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
Senajan
Eka saking keluarga sing ora mampu,
nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti
perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing
sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.
“Ka, kowe
harus dadi wong sing berguna lan
ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka.
“Nggih
pak,kula ajeng usaha,”
Esuk-esuk
sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng
sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing
dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin.
Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,”
pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin.
Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko
tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal
anyar.
Tibaning
sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya
sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis
dicet werna orange sing apik.
Ing
lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye
wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh
juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine
piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole
ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum.
Bu,pak.”
“Wa’alaikum
salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima
juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka.
Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune
sing sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina
adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal
sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna
pink mba!”
Langsung
bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo
jerih payahe dewek.
“Matur nuwun
ya mba.”
Atine
Eka tambah bungah.
UNSUR INTRINSIK CERPEN
1.
Tema
Ekonomi
2.
Tokoh
-
Eka
-
Rina
-
Bapake
-
Ibune
3.
Watek
Ø Eka :
-
Penyayang.
Bukti : “Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…”
-
Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali
menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah
sing sregepan lan manutan.”
-
Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa
sing pinter ing sekolahane.”
-
Gelem
usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula
ajeng usaha,”
Ø Rina :
-
Nerima.
Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep
meneng nrima.”
-
Pengerten. Bukti
: “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae
kurang apa maning tuku sandal.”
Ø Bapake :
-
Kerja
keras. Bukti : “Wengine pas Eka
arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.”
-
Duwe
pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Eka
saking keluarga sing ora mampu, nanging
bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan
tinggi.”
Ø Ibune :
-
Penyayang.
Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter
temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”
4.
Latar
Ø Panggonan :
-
Ing
pasar. Bukti : “Ing pasar adhine
Eka ngrengek njaluk sandal anyar.”
-
Ing
omahe Eka. Bukti : “Sewise saking
pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi
angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
-
Ing sekolahan.
Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.”
Ø Wektu :
-
Wayah
wengi. Bukti : “Wengine pas Eka
arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.”
-
Esuk-esuk.
Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis
tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah.”
Ø Kahanan :
-
Rame
ing sekolahan. Bukti : “Tibaning
sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya
sekolah.
-
Sumringah. Bukti
: “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.”
5.
Alur
Maju
6.
Sesawangan
Wasana Purusa (wong ketelu)
7.
Amanat
-
Senajan
kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek harus
duweni ilmu sing bisa nduwurke derajat.
-
Ing
kehidupan harus usaha lan pantang menyerah
-
Dadi
wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.
NILAI-NILAI
ING CERPEN
Ø Pendidikan
Pantang putus asa ing mewujudake
cita-cita.
Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong
sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
Ø Budaya
Ngormati wong tuwa
Bukti : “…..,Pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.”
Ø Moral
Angger pingin duweni sesuatu apike nganggo
jerih payahe dewek.
Bukti : “Ing jero atine Eka lega merga wis
bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.”
5 comments:
Makasih ya sangat membantu :)
Izin copy mbak :)
sangat membantu.. hehe
terimakasih bayak , ijin copas
terimakasih atas infonya, saya jadi bisa ngerjain tugas bahasa jawa.....
ka , ini pakai majas apa ya?
Posting Komentar