Tokohe :
1.
Andini Setia Asih (dadi Asih)
2.
Aulya Rahmawati
(dadi Wati)
3.
Mei Turasih
(dadi Mei)
4.
Rosita Nurhayati (dadi Yati)
5.
Rosyidah N.S (dadi Ani)
6.
Zakiyah Fukrotunnissa (dadi Atun)
Pas bali sekolah Atun
ngersulah ngomong dewek kaya wong gemblung. Sikile karo nendangi apa bae sing
ana nang ngarepe. Ndilalahe nang ngarepe Atun ana krikil, langsung bae krikil
mau di tendang karo Atun ora karo dipikir disit. Ora suwe krikil sing ditendang
Atun mau ngenani batire.
Ani : Duh sapa kiye sing nendang krikil? (karo
ngemek batuke dewek)
Asih : Ya kiye mesti
ana bocah sing nguja nendang krikil kiye. (karo jiot watu sing nggo nendang nang ngisor)
Mei : Ko ya sing
nendang watu kiye maring Ani? ( karo ndeleng Atun sing lagi malu nang burine)
Atun : He..he..ya map
inyong ora nguja.
Ani : Apa ko ngomong
ra nguja jere sapa mesti ko sengaja nendang watu kiye. (karo mbesengut)
Wati : Wis-wis, aja pada
padu nang dalan Atun kan wis ngomong ora sengaja.
Atun : Ya udah aku minta
map.
Ani : Minta maaf?
Gari ngomong njaluk ngapurane ndadak ngomong minta maaf. (karo ngguyu-nguyu)
wis tak ngapurani.
Yati : Ko lagi
kenangapa si Tun, deneng mbesengut kaya kuwe?
Atun : Ini loh inyong
mau ada ulangan, tapi soalnya kon nggawe aksara jawa terus kon nggawe karma
alus. Aduh, inyong pusing. Kenapa harus ada bahasa jawa sih?
Yati : Ya bahasa jawa
kudu ana ngger langka basa jawa mengko akeh bocah sing ora nduwe unggah-ungguh
kaya ko.
Wati : Ya bener kuweh,
basa jawa kan budayane dewek.
Asih : Masa mengko wong
jawa ilang jaane alias ora teyeng ngomong jawa. Kaya sapa…?
(Wati, Yati, Ani Ngomong bareng – bareng karo nggentak maring
Atun) : Kaya ko..
Atun : Ya boleh, aku
juga pengen sinau basa jawa.
Yati : Atun..Atun, wong
jawa kok ngomong jawa bae ora teyeng.
Atun : Yalah ngga bisa,
yong laire nang Jakarta. Sekolah disini karena orang tua pindah lagi kesini. Eh
disini ada pelajaran bahasa jawa.
Asih : Duh jan jan,
jenenge si kaya wong jawa Maryatun, tapi ngomong jawa ora teyeng. Lah ko ngerti
omongane inyong karo kanca-kanca kiye kepriwe?
Atun : Inyong ya ngerti,
ko mbok lagi ngenyek arane inyong?
Wati, Yati, Ani, Asih : Lah kuwe teyeng ngomong jawa. (
bareng-bareng)
Atun : ngomong jawa kaya
kiye si inyong teyeng sitik-sitik, tapi ngger ko pada ngomong karma alus, nulis
aksara karo ngomong apa ae sing nembe krungu nang kupinge inyong lagh kuwe
inyong ra ngerti.
Wati, Yati, Ani, Asih : Duh cape deh. (karo nempelna tangan
maring batuke dewek-dewek)
Mei : Yaw wis, ko
dolan nggone inyong bae mengko tak warahi karma karo nulis aksara jawa.
Atun : Apa ko teyeng?
Mei : Ya teyeng lah,
ngger ra teyeng ya inyong ra bakal ngewarahi ko.
Asih : Ya kweh ko sinau
bahasa jawa karo Mei bae.
Atun melu bali karo bocahan. Mei sing
teyeng bahasa jawa ngasek Atun kon dolan maring umahe karo sinau karma alus lan
aksara jawa. Ora suwe, Atun wis gutul ngumahe Mei.
Mei : Ngeneh njagong disit, inyong arep ganti
klambi sit.
Atun : Ya. (karo clingak-clinguk ndelengi umahe
Mei)
Asih : Mei, ko wis rampung apa urung?
Atun : Loh deneng pada nang kene? (karo bingung)
Ani : ya, dewek kabeh
rep ngewarahi ko ngomong jawa ben ora ngisin-ngisina wong jawa. ( kabeh pada
njagong)
Atun : Oh…
Mei : Nggenah sinaune
nang kene.
Atun : Ya.
Mei : Basa jawane
njiot apa jal? (madep maring Atun)
Atun : Em…(nunjuk-nunjuk
sirah karo telunjuke)
Wati, Yati, Ani, Asih : Ya mundut.
Atun : Oh..
Mei : Siki ko
mundutaken gobet nang kamar paling pojok. Mengko tak warahi karma alus maning.
Atun : Ya. ( karo mlaku
maring kamar)
Yati : Apa atun ngerti
gobet? Donge ko aja prentah Atun.
Mei : Nguja, inyong
pengen ngetes Atun ngerti gobet apa ora?
Wis Mandan suwe Atun sing
ditunggu-tunggu kon jiot gobet ora metu-metu ndadekna batir-batire kesuh.
Akhire Mei mlebu maring kamar.
Mei : Eh, ulah malah
turu nang kene kon jiot gobet malah turu. Ya wis mayuh metu njaba. ( karo ngawa
gobet)
Atun : Wong miki
ngertine ya ko pada mrentah inyong kon turu.
Mei : Ko kweh kon jiot
kiye. ( karo nunjukna gobete)
Atun : Aduh ampun-ampun,
inyong ora ngerti.
Yati : mulane ngger ora
teyeng kuwe takon aja meneng bae. Kiye sing jenenge gobet.
Atun : Oh..
Wati : Mulane wong jawa
ya kudu teyeng basa jawa. Ngger kabeh wong jawa kaya ko budaya jawa bakale
ilang ra ana bekase. Terus apa sing bisa dibanggakna wong jawa ngger basane bae
wis ora pernah dienggo.
Mei, Yati, Ani : rungokna kuwe.
Asih : Huh dasar wong Jakarte.
Hahaha
Akhire Atun sregep sinau basa jawa
maring kanca-kancane mergane Atun kerasa isin ora teyeng ngomong basa jawa.
-¤ª¤-